klik sponsor dulu gan

Jumat, 12 Oktober 2012

sinau bareng (dialog bahasa jawa)

(nang sekolahan)

Yula : (karo panik) Ike’ tugase yo’po iki

Aneke : (karo kaget) Lho.. aku yo gak ngerti.. takono nang

arek-arek

Dewi : (karo suara radak lembut) Onok opo se rek.. kok

podho panik

Yula : (karo muring-muring) Koen iku ancene.. di goleki

nang endi ae se

Dewi : (nanggapi karo suara sabar) Aku lho.. gak nang

endi-endi..Ngene ae lho.. tugase di kerja’no nang omahe ike’ ae

Aneke : (karo suara radha alon) Yo wes .. yul jak’en arek-

arek

Yula : Ti tanti,ry rery,nang anang..

Tanti+rery+anang : (bingung) Opo ..?

Yula : (jelasno karo suara mangkel) Kene lak dike’i tugas

nggawe drama.. lha iki rencanane ngerjakno nang omahe ike’.. setuju ta gak

Rery : aku ambek anang setuju-setuju ae.. jam piro se

Tanti : (bingung) Lho.. aku gak isok, lak nang omahe ike’

Aneke : Lha.. opo’o

Tanti : (ngomong campur wedi) Aku gak oleh, nek gak

nok seng nyusul



Rery : Omah mu nang endi se

Tanti : (karo suara wedi) Nang kedunglengkong iku lho..

Aneke : (karo suara mangkel) Yo wes.. saiki kerja

kelompok nang endi

Dewi : (karo suara radha banter) Yo nang omahmu ae

lho ke’ Tanti gak usah melok kelompokan, cek’e

di garap arek-arek ae

Rery : (karo suara teges) Yo wes.. saiki kerja

kelompok’e dino opo ambegk jam piro..?

Aneke : (karo teges) Dino minggu ae jam 8

Yula : (karo suara biasa) Yo wes.. masalah drama

digawe mene ae pas kelompokan

Tanti : (njalok sepuro+suarane radha wedi) Ike’..

sepurane yo aku gak isok melok

Anang+aneke+dewi+rery : (suara radha alon) Yo.. gak po-po

kok

Anang : (njalok bantuan) Eh..ry mene aku jemputen yo

Rery : (karo mlaku) Yo



(Yula karo Dewi wes budhal nang omahe Aneke)



Yula+dewi : (wes nang ngarep omahe aneke)

Assalamualaikum.. ike’..

Aneke : (metu teko njero omah) Wa’aliakummussalam

WR.WB.. oOh.. yo rek mlebu’o

Yula : (nrima tawarane terus mlebu nang njero omah)

Yo.. ke’

Dewi : (karo arep lungguh) Ike’.. arek-arek wes teko

ta..

Aneke : Durung (karo ngetokno buku bahasa jawa)
Yula : (karo muring-muring+kaget)

LhoO.. yo’po se.. jarene jam 8

Dewi : (karo muring-muring)

Mboh.. arek lanang-lanang iku mesti plin-plan

Aneke : (nyoba nyabarno)

Yo wes lah rek.. saiki di garap dhisik ae

Yula : (karo suara banter + muring-muring)

Yo.. emoh ke’.. kenak’en arek lanang-lanang la’an, gak mikir

Dewi : (karo mbelani ike’+mangkel)

Yo wes.. lah yul, dikerja’no dhisik ae, engkuk seng terakhir’e dikerja’no arek lanang

Aneke : (karo nawarno panganan) Iki lho rek, ngombene

ambek panganane, dipangan rek !

Yula : (measam-mesem) Yo ke’, suwun lho ke’, ngerepoti

Aneke : (njupuk HP) Yo gak po-po, eh rek, aku tak sms

rery yo

Yula : Yo



(radhak suwe)



Yula+Aneke : (karo suara banter) Ry..

Rery : (muter balik)

Aneke : (karo protes) Ry, suwene se, nang endi ae se

koen iku

Rery : (nyrita’no+nggawe dulinan kunci sepeda motor)

Ikumaeng lho, aku wes nang omahe anang tapi areke gak onok

Yula+Dewi : (bingung) Nang endi ?

Rery : (melok-melok bingung) Gak eroh

Aneke : (karo radha muring-muring) Ealah ry, ojo

ngomong lak ngunu !

Yula : (karo males) Uwalah, yo’po iki, di garap ta gak

Dewi : (karo ngusulno saran) Arek’e gak lengkap ngene,

mendingan gak usah di garap ae

Rery : (karo muring-muring) Lho, gendeng ta koen iku,

tugase lho digawe mene

Dewi : (karo muring-muring) Lha arek’e gak lengkap

ngene, lha engkuk seng liyane gak mikir la’an lak di garap saiki, di garap nang sekolahan ae lho di garap bareng-bareng, aku tak mulih ae, masalahe aku nang omah lagi sibuk lak dino minggu ngene iki

Yula : (karo bentak-bentak) Uwes-uwes, ojo muring-

muring terus,ambek gak usah mulih-mulihan, saiki ngene ae pertama gawe dramana iki yo’po, ojo ngomong lak gak isok rek

Aneke : (karo smsan) sak garepmu lah yul, koen lak

pinter se nang sekolahan, lak arek piter iku isok nggawe dhewe’an, kene lho gak isok nggawe

Yula : (karo muring-muring) Yo emoh rek lak aku

ngerja’no dhewe, lak ngunu koen-koen kabeh iki lapo sinau bareng lak aku tetep ngerja’no tugas kelompok iki dhewe’an

Dewi : (karo smsan) Yo wes lah yul, gawe’o kerangkane

ambek judule ae engkuk isi drama ne tak lengkapi tapi nang omah

Aneke : (karo protes) Lha, Oalah, lak ngunu yo di

kerja’no wingi sabtu ae, lak eroh saiki koyok ngene

Yula : (karo muring-muring) Owalah rek, ojo smsan

terus ta, iki lho durung di garap blas

Rery : (karo suara radha banter) Ngene ae wes,

garep’o siji-siji mene di cocokno bareng-bareng, tapi saiki aku tak mulih

Dewi : Yo, ngunu ae lho, lak saiki, aku kesel mikir rek

Yula : Yo yo, yo wes, saiki mulih ae, tapi ojo lali rek

garep’en, mene lak gak nok seng nggarap, tak uring-uring koen engkuk

Rery : (karo mangkel+njupuk buku+njupuk kunci sepeda

motor) Yo

Dewi : yo wes, ke’ aku mulih, wassalamulaikum WR. WB

Yula : (melok-melok) Yo ke’ aku mulih pisan,

wassalamualaikum WR. Wb

Aneke : Yo, wa’alaikummussalam WR. WB. Ati-ati yo rek

Dewi+Yula : Iyo, suwun yo ke

Tidak ada komentar:

Posting Komentar